Kamis, 10 September 2009

Lebaran



waduh-waduh sing jenenge lebaran 'bodo 'yo bener-bener lebar opo maneh nang gone kampunge dewe junganyar entek-entekan . gaji sewulan karo THR entek total sing bar kepanenan yo podo ngeluh soale kebutuhane rakaruan gae bodo.mungkin tradisi daerahe dewe sing ugal-ugalan lha tek ora ape poso wis nukokke gulo kopi marang wong tuwo kabeh mungkin wung tuwo loro karo simbahe entek 150tan trus lebaran paling ora yo nyembeleh wedus,regane kiro-kiro 600san. durung baju anak bojone nak anake 2 gae 200san trus mamae 300san bapake 200san wis piro dadine jumlahe kuwi padahal durung tuku kue lebaran.
kanggo seng duwe duit mungkin ramasalah tapi nak kanggo sing ra duwe duit gantek di rewangi utang padahal nak utang kuwi luwih larang trus nak wes bar bodo paling mikirke utang
padahal koyo kuwi nak di pikir-pikir gor nuruti gengsi,hawa napsu,lan tradisi ora mikiri mburine.
akeh sing nak bar bodo trus panen mesti entek panenne soale gae nyarutang.
mulo soko kuwi aku ngandani bocah-bocah enom generasi penerus kudu ngati-ati sing ngono kuwi ora patut di tiru.dadi wong yo sing opo anane nak duwe yo ojo di entek-entekke nak raduwe yo ojo meri kancane engko remuk mburine ha ha ha

Minggu, 06 September 2009

Mudik




hai sedulurku kabeh podo mudik ora ?
nak mudik sing dadi nasabah bni iso mudik gratis loh
tapi cuma nang jakarta tok.mengko iso bareng aku
tapi nak sing gowo motor juga okeh kok iso bareng ali nang ciputat
nak sing arep numpak bis dang podo pesen soale kemungkinan tikete larang
biasane nak numpak nusantara soko daan mogot tekan 250tan
nak numpak haryanto tah muji mungkin iso murah sitek
yo wes semene wae kabare soko aku
sampai ketemu nang kampung

Rabu, 02 September 2009

Ngabari


iki kabar soko kampunge dewe junganyar loh.
iki kabar kanggo bocah-bocah sing ono nang perantauan.nak pingin ngerti kabar sing anyar soko kampunge dewe.

sing sepisan iki kabar apik dalan-dalan nang kampung wis di cor kabeh pokoke mulus ora ono mathol meneh.
kaping pindone sak iki wis ono Mts senajan isih numpang karo madrasah (kanggo sementara)
kaping telune masjide yo di bangun di gedheke soale nak jum'atan mesti rakamot, Rencanane ape di tingkat.sak iki lagi pondasi lan pondasine kuwi tekan jero masjid dadine berantakan, Lan lanjutane pembangunan nunggu iuran soko warga. Mulo soko kuwi nak ono sedulurku kabeh ono ing paran nak ono rejekine njaluk tulung podo dipikirake kemajuane desone dewe, termasuk mbangun mesjid kuwi sing koyoke mbutuhke biaya akeh tenan, nak wargane do ra mikirke kapan dadine padahal nak nyumbang neng mesjid kuwi akeh pahalane loh,,,jare pak ustadz,,hehehe
yo wes cukup semene sek kabare soko kampung yo.
oh yo sak iki lagi musim kacang ijo lan lagi payu2ne regane sekilo tekan 7.500 lumayankan nak nduwe sawah ombo, mangkane kanggo pak kaji sing akeh duwite ojo do pelit inget akhirat pak. titel wes duwe sak iki pahalane pak di pikirke.

jo lali sering-sering buka blogku,,, matur suwun.