Jumat, 16 September 2011

Larange nyalur listrik


Kabar iki mungkin ora begitu penting, tapi ora ono salahe sedulur kabeh ngerteni kabar iki,
Berhubung iki isih wulan syawal aku tak balal sek, iwak sepat di pangan ulo, menawi lepat nyuwun ngapuro, Minal aidin walfaidzin lah pokoke,, halllaaah kikuk
yo wis sak iki nyambung ae nang topik utama; aku pernah takon karo konco konco nang kampung jan jane piro sih biayane nak nyambung listrik nok kampunge dewe? ono sing muni 2 juta, ono sing muni 2,5 juta. yo wis berarti di antara 2-2,5 juta, aku takon meneh lha kuwi pirang vA? 900vA jawabe, berarti nak sing 450vA lebih murah nuh? tiba tiba ono sing nyeletuk yo ora! podo ae biayane 450 ambi 900, malah nak 450 ki angel iso suwe masange tinimbang sing 900.
Biasane sing minati 450 ki akeh jarene amergo mbayare wulanane lebih murah tinimbang 900. Nak kanggo jaman ndisik okelah tapi nak kanggo jaman sak iki opo isih do mikirke murahe mou tinimbang keperluane, jaman ndisik nganggone lampu ae iseh melap melip, tur durung do duwe pompa banyu opo maneh tek kulkas paling cuma TV, lha sak iki TV ae do duwe 2, durung maneh dispenser,ricecooker,kulkas,pompa banyu,opo nak nganggone 450 ki cukup.
Yo wis lah kuwi mou kabeh tergantung sing nganggo, tapi nak biaya pemasangane 450 ambi 900 mosok iso podo wae antarane 2-2,5 juta! kok kayane ora adil yo, dengan penasaran aku golek golek info, alhamdulillah info sing tak goleki ketemu, nangeng walah dalah jebulanee,,,hayyah...! selisihe kok wuakehe puol

temunane biaya penyambungan listrik iku:

kurang dari 2200vA. iku cuma Rp750/vA
lebih dari 2200vA - 200 kv. iku cuma Rp775/vA
berarti biayane penyambung listrik sing mesti iku:

450 vA = Rp 337.500
900 vA = Rp 675.000
1300 vA = Rp 975.000
2200 vA = Rp 1.650.000 + materai

Iku kabeh wis di atur dalam peraturan menteri no;09 tahun 2011 untuk seluruh negeri tanpa terkecuali.

lha nak nang gone kampunge dewe sing 450 ambi 900 kok iso 2 juta'an iku duwite nindi kabeh yo? hmmmmm,,,
Mungkin duite ngalir nang kantonge calo/makelar, sebab umume wong kampunge dewe nak arep masang listrik kuwi nganggo jasa calo/makelar lan ga mau ambil pusing sing penting kepasang meroi beres, mangkane di gawe kesempatan kanggo para calo/makelar ''pungnak pungno'' mumpung enak mumpung ono,, hayyah
soale wong nyalur listrik kan sekali kanggo selawase, cobo nak nyalure berkali kali mungkin lagi do mikir nak jebulane ki larang temen, iso iso para calo/makelar do bonyok kabeh utowo tinggal nama tok,, wkwkwkwwk
Yo wis lach piye meneh mungkin podo golek rejekine,, hehehehe
Mulakno kuwi kagem konco konco poro sedulur kabeh sak niki cobo nak arep nyalur listrik ojo lewat makelar/calo, langsung ae nang tempat sing di tentukan, mungkin iku iso ngurangi dosane uwong liyo lan praktik korupsi nang negoro iki, sing utama awake dewe malah iso ngirit,, ati ati ojo boros ngetok'e duit, sak iki golek duit/kerja'an ki susah,, xixixi

Wis semene tok lach,,, wis kesel drijine ra kulino nulis re hehehe kulinane macul kok. harap maklum bosone/pengaturan kalimate blepotan....maklum cuah ndeso.