Rabu, 02 September 2009

Ngabari


iki kabar soko kampunge dewe junganyar loh.
iki kabar kanggo bocah-bocah sing ono nang perantauan.nak pingin ngerti kabar sing anyar soko kampunge dewe.

sing sepisan iki kabar apik dalan-dalan nang kampung wis di cor kabeh pokoke mulus ora ono mathol meneh.
kaping pindone sak iki wis ono Mts senajan isih numpang karo madrasah (kanggo sementara)
kaping telune masjide yo di bangun di gedheke soale nak jum'atan mesti rakamot, Rencanane ape di tingkat.sak iki lagi pondasi lan pondasine kuwi tekan jero masjid dadine berantakan, Lan lanjutane pembangunan nunggu iuran soko warga. Mulo soko kuwi nak ono sedulurku kabeh ono ing paran nak ono rejekine njaluk tulung podo dipikirake kemajuane desone dewe, termasuk mbangun mesjid kuwi sing koyoke mbutuhke biaya akeh tenan, nak wargane do ra mikirke kapan dadine padahal nak nyumbang neng mesjid kuwi akeh pahalane loh,,,jare pak ustadz,,hehehe
yo wes cukup semene sek kabare soko kampung yo.
oh yo sak iki lagi musim kacang ijo lan lagi payu2ne regane sekilo tekan 7.500 lumayankan nak nduwe sawah ombo, mangkane kanggo pak kaji sing akeh duwite ojo do pelit inget akhirat pak. titel wes duwe sak iki pahalane pak di pikirke.

jo lali sering-sering buka blogku,,, matur suwun.