Kamis, 10 September 2009

Lebaran



waduh-waduh sing jenenge lebaran 'bodo 'yo bener-bener lebar opo maneh nang gone kampunge dewe junganyar entek-entekan . gaji sewulan karo THR entek total sing bar kepanenan yo podo ngeluh soale kebutuhane rakaruan gae bodo.mungkin tradisi daerahe dewe sing ugal-ugalan lha tek ora ape poso wis nukokke gulo kopi marang wong tuwo kabeh mungkin wung tuwo loro karo simbahe entek 150tan trus lebaran paling ora yo nyembeleh wedus,regane kiro-kiro 600san. durung baju anak bojone nak anake 2 gae 200san trus mamae 300san bapake 200san wis piro dadine jumlahe kuwi padahal durung tuku kue lebaran.
kanggo seng duwe duit mungkin ramasalah tapi nak kanggo sing ra duwe duit gantek di rewangi utang padahal nak utang kuwi luwih larang trus nak wes bar bodo paling mikirke utang
padahal koyo kuwi nak di pikir-pikir gor nuruti gengsi,hawa napsu,lan tradisi ora mikiri mburine.
akeh sing nak bar bodo trus panen mesti entek panenne soale gae nyarutang.
mulo soko kuwi aku ngandani bocah-bocah enom generasi penerus kudu ngati-ati sing ngono kuwi ora patut di tiru.dadi wong yo sing opo anane nak duwe yo ojo di entek-entekke nak raduwe yo ojo meri kancane engko remuk mburine ha ha ha